“Wahahahaha…. Maneh… maneh…!! Artis sing ketangkep mergo nyabu?!! Kapok ikuuu, mangkane mending gak usah ngartis lek pancen gak pantes dadi artis! He..he..he,” celetuk kesal Cak Man.
Cak Man melihat sebuah tayangan TV yang memberitakan beberapa artis yang terkena kasus narkoba. Dan Cak Man pun merasa tak senang dengan keberadaan artis yang saat ini tersandung kasus narkoba.
“Opo maneh arek iku…!! Huh… mbencekno..! Kethok arep nyawat sandal ae kok. Mlethe tenan kok,” lanjutnya pada Cak Su.
“Ha..ha..ha…!! Koen iku lek gak seneng lak yo wis. Gak usah digedhekno ngono. Opo maneh koen yo gak ngarah ketemu ambek wong iku! Ya tho?!” ucap Cak Su.
“Gak ngono… jenenge artis pastine ngekeki contoh sing apik!”
“Lha lek koyok ngene dadine yo opo?! Nggarai ngekeki contoh sing gak bener!” ucap Cak Man lanjut.
“Yo jenenge ae seniman! Gak nang Indonesia thok! Nang luar negeri biasane koyok ngono. Cuma kadang wong-wong frustasi iku macem-macem. Tapi sejatine bener awakmu. Jenenge artis ojok langsung nganggep sing sepele dadi enteng. Akhire?? Koyok ngene…!! Salah kaitan soale,” jawab Cak Su, menjelaskan.
“Mangkane iku…! Masio de’e gak nyabu, tapi pas melok band’e ae aku wis gak seneng. Kementhus areke!” Cak Man kesal.
“Ha..ha..ha…!! Ketokane onok dendam iki yo, Man?!”
“Dendam opo?!”
“Yo embuh?! Be’e onok dendam opo ngono,” jawab Cak Su.
Cak Man pun lantas diam. “Mangkane iku, Cak! Dendam’e mergo mbiyen HP-ku ilang pas mergo konsere band’e de’e nang Balai Pemuda mbiyen. Aseemm… asemmm!! Mergo ngejak anakku seneng, eeehh aku malah dadi senep!” jelas Cak Man.
“Ha..ha..ha..!!”
“Yo garek pihak kepolisian ae sing kudu intensif. Dan ojok segan-segan nyekel public figure lek pancen ketemon salah opo nggawe narkoba! Ya tho?!” jelas Cak Su. n Raditya Khadaffi
|